TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya)

MUHAMMAD REZA A

Abstract


ABSTRAK


 


Tembung wigati: tradhisi, ubarampe, tata laku, Suran Agung, sinkretisme


 


Panliten iki ngenani sinkretisme sawijine tradhisi Jawa, yaiku tradhisi Suran Agung ing kutha Madiun. Undere panliten iki, yaiku (1) kepriye jlentrehan wujude tradhisi Suran Agung, (2) kepriye jlentrehane anane sinkretisme ing tradhisi Suran Agung, lan (3) kepriye pamawase masyarakat Madiun marang tradhisi Suran Agung. Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori akulturasi pendekatan fungsional. Panliten ngenani tradhisi Suran Agung ing kutha Madiun iki kalebu jinis panliten kualitatif, amarga dhata sing ditliti saka asil observasi langsung utawa ngematake, wawancara sing terstruktur lan bebas, lan dhata dokumentasi.


Wujude tradhisi Suran Agung ana 3, yaiku rituwal nyekar, rituwal ngumbah sabuk, lan rituwal slametan. Saben rituwal kasebut nduweni ubarampe lan tata laku. Sinkretisme ing tradhisi Suran Agung kadaden kanthi unsur-unsur sing bisa dijlentrehake kaya mangkene: (1) rituwal nyekar, unsur-unsur sing nyawiji, yaiku (a) kapracayan animisme, (b) ajaran Hindu, lan (c) ajaran Islam; (2) rituwal ngumbah sabuk, unsur-unsur sing nyawiji, yaiku (a) kapracayan animisme lan (b) ajaran Hindu; lan (3) rituwal slametan, unsur-unsur sing nyawiji, yaiku (a) kapracayan animisme, (b) ajaran Hindu, lan (c) ajaran Islam. Masyarakat uga nduweni pamawas ngenani anane tradhisi Suran Agung ing kutha Madiun, yaiku: (1) ora sarujuk, amarga njalari gegeran lan (2) sarujuk, amarga nuduhake sukur marang Gusti lan bisa dadi wisata budaya saben taun. Kabeh wujud tradhisi Suran Agung nduweni ubarampe lan tata laku sing mligi kang nuduhake tradhisi religi.


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.