Legendha Dhusun Beteng Desa Sidomekar Kecamatan Semboro Kabupaten Jember (Sebuah Kajian Folklor Humanistis)

ARUM PRIMASTIWI

Abstract


Abstrak


        Folklor minangka warisan budaya dhaerah kang sumebare kanthi cara lisan sacara turun-temurun kang ngandhut nilai pitutur kang bisa dadi tuladha. Pitutur kasebut nduweni piguna kanggo masyarakat panyengkuyung yaiku supaya tumindake manungsa bisa kajaga saengga uripe manungsa kasebut bisa seimbang karo kahanan alame. Anane pitutur kasebut ndadekake sastra lisan kasebut nduweni kalungguhan kang maneka ing masyarakat. Sastra dhaerah kang bakal dirembug ing panliten iki yaiku Legendha Dhusun Beteng ing Desa Sidomekar Kecamatan Semboro Kabupaten Jember kanthi kajian Folklor Humanistis.


Adhedhasar landhesan masalah ing dhuwur mau, masalah kang tuwuh yaiku (1) Pitutur apa bae kang kinandhut ing Legendha Dhusun Beteng ing Desa Sidomekar Kecamatan Semboro Kabupaten Jember? (2) Kepriye fungsi Legendha Dhusun Beteng ing masyarakat Desa Sidomekar Kecamatan Semboro Kabupaten Jember? (3) Kepriye kalungguhane crita Legendha Dhusun Beteng ing warga masyarakat Desa Sidomekar Kecamatan Semboro Kabupaten Jember?


Kanthi teoritis, panliten iki kaangkah bisa menehi sumbangan menyang pendhidhikan sastra. Yaiku ing ngilmu folklor mligine ing bidhang Folklor Humanistis. Kanthi praktis, panaliten iki bisa menehi paedah kanggo: (1) Panaliten sabacute yaiku bisa dadi lelandhesan panaliten sabacute, grembag lan aweh seserepan karya sastra miligine kajian Foklor Humanistis. (2) kanggo Peminat Sastra yaiku bisa kaangkah bisa menehi sumbangan pangerten ngenani sastra mligine folklor lisan. (3) Pendidikan yaiku panaliten iki kaangkah bisa menehi sumbangan menyang pendidikan sastra mligine folklor lisan lan supaya tuwuh motivasi nganakake panaliten sabacute.


Teori kang digunakake kanggo ngrembag Legendha Dhusun Beteng iki yaiku teori Folklor Humanistis kang ngrembag aspek karyane utawa kabudayane (lore) tinimbang masyarakate (folk). Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku dheskriptif kanthi pendekatan  kualitatif. Tatacara nemtokake informan ing panaliten iki ana loro yaiku informan kunci lan informan biasa. Tatacara ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku observasi, wawanrembug, kuesioner, nyathet, ngrekam lan dokumentasi. Kanggo nguji keabsahan data ing panaliten iki yaiku ngunakake teknik trigulasi. Tatacara nganalisis data yaiku ngunakake metodhe deskriptif lan content analysis.


Asil saka nintingi dhata yaiku pitutur kang bisa dijupuk saka Legendha Dhusun Beteng iki ngandhut pitutur kang becik digawe patuladhan kayata kudu bisa netepi janji, aja nduweni sipat dendam, waspada marang bebaya kang bakal dumadi iki gawe jaga-jaga amrih ora kena bebaya lan ngundhuh wohing pakarti. Saka katerangan ing dhuwur mau ndadekake Legendha Dhusun Beteng duwe kalungguhan kang maneka ing masyarakat panyengkuyunge, iki bisa dideleng yen kalungguhane bisa diperang dadi telu yaiku (1) masyarakat kang nganggep wigati lan percaya marang crita kasebut, (2) masyarakat kang ngangep ora wigati anane crita kasebut, lan (3) masyarakat kang ora perduli marang crita Legendha Dhusun Beteng kasebut.


Full Text: DOC

Refbacks

  • There are currently no refbacks.