Landheping Rasa Pangrasa lan Endahing Basa sajrone Antologi Geguritan “Medhitasi Alang-alang” Anggitane Widodo Basuki (Tintingan Aspek Religiusitas lan Stilistik)

SISTA KIRANA NINDYARINI

Abstract


Abstrak


Geguritan kang ditulis dening Widodo Basuki sajrone AGMAA ngandhut tema sosial lan ana saperangan kang ngemot tema religius. Sajrone geguritan-geguritan kuwi bisa kagambarake uripe manungsa ing bebrayan sosial lan sumirate bab religiusitas sajrone mobah mosiking urip. Geguritan nduweni struktur wewangune kang sinebut struktur batin. Saliyane iku, tembung-tembung sajrone geguritan kang trep lan endah minangka wakil saka pangrasane panggurit. Kanggo mujudake bab mau, Widodo  Basuki migunakake pamilihing tembung lan lelewaning basa kang maneka werna. Adhedhasar lelandhesan panliten mau, mula bisa didudut underane panliten, yaiku: (1) kepriye wujud aspek sosio-religius sajrone geguritan sajrone AGMAA anggitane Widodo Basuki?, (2) kepriye wujud struktur batine geguritan-geguritan sajrone AGMAA?, (3) kepriye wujud panggunane basa puitik sajrone AGMAA?


Metode panliten kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku metode analisis isi. Metode analisis isi yaiku metode kang nduweni sesambungan karo isi komunikasi, mligine verbal kang awujud basa lan nonverbal. Metode analisis isi sajrone karya sastra, bisa dilakoni kanggo nliti gaya tulisane pangripta. Dhata kang digunakake sajrone panliten iki, awujud tembung, frasa, klausa, lan ukara sajrone AGMAA anggitane Widodo Basuki.


Asiling panliten nuduhake yen geguritan-geguritan kang wis dipilih banjur digayutake karo sistem religiusitase masyarakat Jawa kang ngutamakake filosofi Jawa sajrone panguripane. Filosofi Jawa kang dadi pathokan uripe manungsa ana rong aspek, yaiku aspek kasadharane manungsa marang Pengeran lan aspek kasadharane manungsa marang jagad gumelar. Bab pamilihing tembung, panggurit luwih migunakake tembung-tembung kang dianggep arang digunakake dening masyarakat umume. Panggurit migunake tembung-tembung kang trep kanggo nggambarake sawijining kahanan, swasana, uga kadadeyan-kadadeyan kang dumadi sajrone geguritan-geguritan kasebut. Panggunane lelewane basa sajrone geguritan nduweni tujuwan kanggo nambah unsur-unsur kaendahan uga kanggo nggambarake sawijining makna sajrone geguritan. Panliten bab kang wis kaandharake mau, prelu dianakake maneh kanthi tumemen, supaya bisa ngasilake sawijining panliten kanthi tintingan kang luwih apik, cetha, lan trep.


 


Tembung wigati: Religiusitas, stilistika, lelewane basa, lan pamilihe tembung.


Full Text: DOC

Refbacks

  • There are currently no refbacks.