OWAH-OWAHANE KESENIAN REYOG ING DESA KAUMAN JALARAN PANGARIBAWA AJARANISLAMTINTINGAN FOLKLOR

ANUGRAH PUTRI JUNIARTI

Abstract


Desa Kauman minangka desa kang ana ing Kecamatan Kauman Kabupaten Ponorogo. Desa Kauman minangka Desa kang misuwur amarga akeh paguyuban reyog. Saliyane kuwi, Desa Kauman kang sesandhingan karo Desa Sumoroto minangka papan du mununge kerajaan Wengker ing jaman biyen, mula reyog ing Desa Kauman minangka harta kang diuri - uri nganti saiki. akeh paguyuban kang wis ninggalake tradhisi sajrone kesenian reyog, nanging ing Desa Kauman kesenian reyog asli isih diuri - uri nanging ora uwal saka ajaran Islam kang dianut dening mayoritas bebrayan Desa Kauman. Leandhesan mau nuwuhhake underan panliten kang gegayutan karo kesenian reyog kasebut. Bab kang dadi undering panliten, yaiku (1) kepriye gegambarane Desa Kauman, (2) carita mula bukane k esenian reyog, (3) kepriye wujud kesenian Reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (4) Kepriye tata laku kesenian Reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (5) Apa wae unsur Islam sajrone kesenian Reyog ing Desa Kauman. Adhedhasar underan panliten k asebut, bisa dimangerteni tujuwane panliten iki yaiku (1) Njlentrehake gegambarane Desa Kauman, (2) Njlentrehake mcarita mula bukane kesenian reyog ponorogo, (3) Njlentrehake wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki biyen lan saiki, (4) Njlentrehake tata lakune kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (5) Njlentrehake owah - owahane kesenian reyog ing desa kauman jalaran pangaribawa ajaran islam (tintingan folklor) . Dene paedah saka panliten iki yaiku kaajab bisa dadi sumbangsi h kanggo piwulangan folklor lan kesenian dhaerah, kanggo nambah kawruh ngenani nilai budaya lan ajaran islam sajrone kesenian reyog ponorogo ing Desa Kauman, kanggo referensi panliten sabanjure kang nliti folklor lan kesenian dhaerah, bisa digunakake minan gka koleksi dokumentasi kesenian Reyog kanggo Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Ponorogo. Kanggo nggayuh tujuwan panliten, panliti nggunakake maneka warna teori lan konsep. Kanggo nemtokake kesenian reyog ponorogo ing Desa Kauman digunakake teori folklor andharane Dananjaja. Kanggo ngandharake ngenani owah - owahane nggunake konsep owah - owahane kabudayan dening Koentjaraningrat. Dene kanggo ngudhari ngenani pangaribawane Islam sajrone kesenian reyog ing Desa Kauman digunakake teori Akulturasi dening J. Powel lan konsep ajaran Islam. Konsep makna simbolis Herusatoto kanggo nemtokake makna filosofis sajrone tata laku lan uba rampe ing tradhisi upacara sadurunge pentas Reyog. Panliten iki nggunakake ancangan deskriptif kualitatif komparatif . Teknik ngump ulake dhata kang digunakake yaiku observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Tata carane ngolah lan nganalisis dhata yaiku nindakake transkrip dhata, nggolongake lan nyocogake dhata karo panliten, ngandharake dhata adhedhasar undering panliten, lan menehi dud utan saka asile panliten. Asile panliten iki diperang dadi papat adhedhasar undheran panliten. Kapisan gegmabrane Desa Kauman kang isine ngenani letak geografis, system pamarintahan, cacah pendhudhuk adhedhasar jinis kelamin, agama lan system pangupajiwa. Kaloro, carita ngenani raden batoro katong lan ki ageng kutu sarta carita prabu klana lan dewi songgolangit minangka carita mula bukane kesenian reyog ponorogo kang misuwur ing ponorogo mligine Desa Kauman. Katelu, wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jama n biyen dipangaribawani dening agama hindu budha, dene wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jaman saiki luwih islami. Kapapat, tata laku sajrone kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki ing perangan tata laku lan ubarampe padha kang mbedakake yaiku niyat, samubarang kang dituju lan dongane. Kalima, owah - owahane reyog ing Desa Kauman kang dijalari ajaran Islam ana ing paraga lan pamaragane, piranti kesenian kang digunakake, lan donga.


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.