GREBEG TUMPENG SEWU ING GUNUNG SUROWITI KECAMATAN PANCENG KABUPATEN GRESIK (Tintingan Folklor)

NUR LAILA DEWI ROYANI

Abstract


Grebeg Tumpeng Sewu yaiku  tradhisi kang ana sajrone Petilasan Sunan Kalijaga ing Desa Surowiti Kecamatan Panceng Kabupaten Gresik. Tradhisi kasebut ditindakake saben taun ing dina Kamis pungkasan sadurunge mlebu sasi Sura. Tradhisi kasebut ngarak sewu tumpeng cilik lan telung tumpeng ageng kang ditujokake kanggo para leluhur. Ancase  yaiku minangka wujud pakurmatan, wujud rasa syukur, lan dedunga supaya adoh saka bebaya. Grebeg Tumpeng Sewu iki minangka folklor setengah lisan kang njlentrehake makna lan fungsi folklor kanggo masyarakat.


Underane panliten yaiku: 1) Kepriye mula buka  Grebeg Tumpeng Sewu  ing  Gunung Surowiti, Kecamatan Panceng Kabupaten Gresik?; 2) Apa wae makna ubarampe sajrone tradhisi?; 3) Kepriye tata rakit sajrone tradhisi?; 4) Apa wae fungsi kang kinandhut sajrone tradhisi?. Ancas panlitene yaiku: 1) Njlentrehake mula buka Grebeg Tumpeng Sewu; 2) Njlentrehake wujud lan makna ubarampe; 3) Njlentrehake tata rakit tradhisi; 4) Njlentrehake fungsi kang kinandhut sajrone tradhisi. Panliten ngenani Tradhisi Grebeg Tumpeng Sewu iki nduweni paedah, yaiku 1) Panliten iki bisa nambah kawruh lan pengalaman sajrone golek dhata panliten ngenani Grebeg Tumpeng Sewu gegayutan karo petilasan Sunan Kalijaga, 2) Panliten iki nduweni piguna kanggo piwulang sajrone babagan agama, amarga tradhisi kasebut gegayutan karo panyebaran agama Islam sing dilakoni Sunan Kalijaga, 3) Bisa nambahi sakabehane kawruh ngenani Grebeg Tumpeng Sewu, 4) Bisa nengenake babagan elmu agama kanthi nuladhani piwulang becik Sunan Kalijaga.


Grebeg Tumpeng Sewu ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendekatan folklor. Babagan wujud folklor nggunakake teori folklor saka Bruvand. Babagan makna sajrone tradhisi nggunakake teori semiotik saka Pierce. Babagan fungsi tradhisi nggunakake teori saka Bascom lan Alan Dundes. Objek kang ditliti yaiku Grebeg Tumpeng Sewu.  Instrumen panliten iki awujud panliti, dhaptar pitakonan, lan alat bantu kang digunakake kanggo ngumpulake dhata. Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten  yaiku kanthi cara observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Kanggo nganalisis dhata sajrone panliten nggunakake open coding, acial coding, lan selective coding.


Grebeg Tumpeng Sewu kalebu folklor setengah lesan, amarga sajrone tradhisi kasebut nduweni rong unsur yaiku unsur fisik lan lesan. Unsur fisik  tradhisi iki yaiku saka tata rakit lan ubarampe kang digunakake. Dene unsur lesan yaiku saka crita lan tahlil kang diwaca nalika adicara tradhisi.  Tradhisi iki dianakake dina Kemis pungkasan sadurunge mlebu Sasi Sura.


Grebeg Tumpeng Sewu nggunakake ubarampe kang nduweni makna tartamtu, yaiku: 1) pitik putih, 2) wedhus, 3)wedang kopi, 4) kembang kenanga, 5) kembang kanthil, 6) tumpeng sega putih, 7) tumpeng pala pendhem, 8) tumpeng pala gumantung, lan 9) tumpeng cilik. Tradisi iki uga nduweni tata rakit tradhisi kang ora bisa diowahi, yaiku: 1) ziarah ing Pring Silir, 2)ziarah makam, 3) siram ageng, 4) ngarak tumpeng, 5) sawur tumpeng, lan 6) maca babad Surowiti.


 Fungsi tradhisi sajrone Grebeg Tumpeng Sewu bakal diandharake nganggo teori saka Bascom lan Alan Dundes kang ngandharake ngenani fungsi folklore yaiku: 1) minangka sistem proyeksi, yaiku kaca pangilone angen-angen saka kolektif, 2)minangka sarana pangesahe budaya, 3) minangka sarana pendhidhikan, lan 4)minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi paugerane masyarakat, supaya tansah diugemi lan ditindakake. Saliyane fungsi saka Baskom lan Alan Dundes, panliten iki nduweni fungsi liya minangka panemu saka panliti dhewe kanggo pangembangan. Fungsi kasebut yaiku: 5) minangka sarana hiburan, 6) minangka sarana religi, 7) sarana shodakoh, 8)  nuwuhake paseduluran, 9) nuwuhake rasa tanggung jawap, 10) sarana piguna ekonomi, lan 11) minangka promosi budaya


Tembung kunci: Grebeg Tumpeng Sewu, Folklor.


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.