TRADHISI RUWAT DHUSUN ING CANDHI BELAHAN(Tintingan Budaya)

DALILI ZATA DINI

Abstract


Candhi Belahan yaiku salah sawijining panggonan kang winangun minangka pertitaan kang wujude
selir Dewi Sri lan Dewi Laksmi. CB nduweni tradhisi kang biasane ditindakake saben sasi Besar utawa Sura ing
dina minggu Legi. Tradhisi kasebut bisa diarani Tradhisi Ruwat Dhusun (TRD). Kanthi tujuwan kanggo
mujudake rasa syukur lan minangka wujud pandongane warga supaya bisa lumaku lancar ngadhepi kauripan
ing mangsa tembe.
Underan panliten, yaiku: 1) Mula bukane Tradhisi Ruwat Dhusun ing Candhi Belahan; 2) Tata laku
TRD; 3) Jinis ubarampe lan uga makna TRD; 4) Piguna sajrone TRD; 5) Nilai budaya sajrone TRD. Paedah
kang bisa dijupuk saka panliten yaiku: 1) bisa nambah pamawas, pangalaman, lan wawasan panliti kanggo nliti
tradhisi sawijine panggonan kang ana gayutane karo candhi; 2) bisa menehi gegambaran nulis sastra, mligine
sastra lisan; lan 3) bisa menehi anak putu kanggo nyinaoni lan nguri-uri crita amrih bisa ngerteni crita candhi.
Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana ing
panliten TRD diperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Objek kang ditliti yaiku Tradhisi
Ruwat Dhusun. Instrumen panliten iki awujud panliti, dhaptar pitakon, lan alat bantu kang digunakake kanggo
ngumpulake dhata. Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten lumantar observasi, wawancara, lan
dhokumentasi. Babagan nganalisis dhata sajrone panliten nggunakake open coding, acial coding, lan selective
coding.
Asile panliten iki nuduhake yen TRD nduweni reroncenan tata laku adicara TRD kang diperang
dadi papat yaiku: 1) Wiwitane pambuka; 2) Pambuka; 3) Inti; 4) Panutup. Ubarampe kang digunakake
sajrone tumpeng ancak ing TRD, yaiku sega putih, iwak, woh-wohan, gendera, pala pendem, dene
ubarampe rituwal sawur kembang, yaiku kembang setaman, kendhi, dupa, lan cok bakal. Pigunane TRD
tumrap masyarakat bakal diandharake nganggo konsep Bascom yaiku 1) minangka sistem proyeksi; 2)
minangka piranti kanggo ngesahake pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan; 3) minangka
piranti kanggo pendidikan bocah-bocah; 4) minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi aturan-aturan.
Panliten iki nduweni fungsi liya minangka panemu saka panliti dhewe kanggo pangembangan. Piguna
liyane yaiku: 5) piranti hiburan; 6) tradhisi kang ngrembaka; 7) fungsi solidaritas; 8) kanggo
nglestarikake budaya; lan 9) fungsi ekonomi. Wujud nilai budaya kang kinandhut TRD kaperang dadi
telu kategori kang gegayutane manungsa, yaiku 1) nilai budaya kang gegayutan marang Gustine; 2) nilai
budaya gegatutan manungsa marang alam donya; 3) nilai budaya gegayutane manungsa minangka
makhluk sosial.
Tembung wigati: tradhisi, mula bukane, tata laku, piguna, nilai budaya


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.