REYOG TULUNGAGUNG (TINTINGAN WUJUD LAN PIGUNA)

SUNU SRI MAHADI

Abstract


 


 


ABSTRAK


            Kesenian Reyog Tulungagung salah sawijining kesenian tradhisi sing isih eksis ing sajroning masyarakat Tulungagung. Kesenian iki uga salah sawijining warisane leluhur kang isih ditindakake masyarakat, mligine masyarakat Tulungagung. Kesenian iki uga ngemu piguna kang becik kang bisa digawe patuladhan masyarakat ing panguripan sabendinane. Mula saka iku, kesenian iki tetep bisa eksis nganti jaman modern iki.


            Undheran sajroning panaliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane seni Reyog Tulungagung, (2) Kepriye wujude kesenian Reyog Tulungagung ing kabupaten Tulungagung, (3) Apa wae piguna Reyog Tulungagung tumrap masyarakat, (4) Kepriye cara nglestarekake Kesenian Reyog Tulungagung ing kabupaten Tulungagung.


            Kanthi umum panliten iki nduweni tujuan kanggo ngawruhi luwih cetha lan jero ngenani wujud lan paedah kesenian reyog ing Kabupaten Tulungagung. Dene tujuan ingkang mirunggan yaiku: (1) Ngandharake mula-bukane Kesenian Reyog Tulungagung ing Kabupaten Tulungagung, (2) Ngandharake wujude kesenian reyog ing Tulungagung, (3) Ngandharake piguna Reyog Tulungagung tumrap masyarakat, (4)  Ngandharake cara nglestarekake Reyog Tulungagung.


            Paedah saka panaliten iki yaiku: (1)  Kanggo panliti asiling panaliten iki kaajab bisa menehi munpangat minangka upaya pangrembakaning budaya sajroning mrangguli kesenian dhaerah kang ana ing Indonesia, mligine Kesenian Reyog Tulungagung ing Kabupaten Tulungagung, (2) Kanggo masarakat kaajab bisa aweh sumbang surung sarta menehi pangaji kanggo ngurmati saengga  tuwuh rasa bungah lan bombong marang kesenian lan kabudayan dhaerah, (3) Kanggo instansi pamarintah bisa kanggo bahan rujukan ngopeni kesenian dhaerah, lan nyusun program kanggo ngrembakakake Kesenian Reyog Tulungagung.


            Konsep teori kang cundhuk kanggo ngudhari masalah kang tinemu ing panaliten iki yaiku: (1) konsep budaya, (2) konsep masyarakat lan budaya Jawa, (3) konsep tradhisi lan adat istiadat, (4) konsep religi, (5) konsep folklor, (6) konsep piguna. Lelandhesan teori kanggo nintingi wujud Kesenian Reyog Tulungagung nggunakake teori wujud anggitane Danandjaja. Sarta nintingi pigunane Kesenian Reyog Tulungagung nggunakake teori piguna Boscom.


            Panaliten ngenani Kesenian Reyog Tulungagung iki nggunakake ancangan panaliten deskriptif kualitatif. Data ing panaliten iki awaujud data lesan lan data barang. Data lesan arupa tembung, frase, ukara, lan wacana asiling wawancara marang informan. Data barang arupa gambar utawa asile dokumentasi saka ubarampe lan tatalaku Kesenian Reyog Tulungagung. Data kasebut antuk lumantar metode lan teknik observasi, wawancara, lan dokumentasi. Tatacara analisis data ing panaliten iki nggunakake open coding, axial coding, lanselective coding.


Asiling panaliten saka Kesenian Reyog Tulungagung yaiku kesenian tari sing gerak tarine dijupuk saka proses prajurit utusan raja Jathasura nalika mboyong putri saka Kediri yaiku Dewi Kilisuci. Gerak baris prajurit sing mujudake prajurit sing lagi nggawa bebana panjaluke dewi Kilisuci, banjur menthokan sing mujudake prajurit lagi masrahake bebana, ngungak sumur sing mujudake prajurit sing lagi ngungak sumur ndeleng Dewi Kilisuci nyemplung sumur.


Sakliyane kuwi wujud piranti Kesenian Reyog Tulungagung dijupuk saka panjaluke Dewi Kilisuci marang prajurit utusan Jathasura yen kepengin mboyong dheweke. Piranti kasebut kayata mata pitik tukung gedhene sak terbang miring ditegesi gong kempul, digantung ing gubuk penceng ditegesi gayor, mula dadi wujud gong kempul sing digantung ing gayor, seruling wit pari gedhene sak wit klapa diwujudake minangka selompret. Dhendheng tuma saktetelan pulut (piranti kanggo ndeplok  jadah) diwujudake kenong. Ati tengu gedhene sakguling diwujudake iker. Madu lanceng 6 bumbungdiwujudake dhodhog (bumbung) sing kabehe 6. Binggel emas sing isa muni dhewe diwujudake gongseng.


Kesenian Reyog Tulungagung uga nduweni piguna tumrap masyarakat. Piguna kasebut yaiku minangka (1) Sistem proyeksi masyarakat, (2) Sarana ngesahake pranata lan lembaga kabudayan, (3) Sarana pendidikan, (4) Piranti meksa lan ngawasi supaya pranata ing masyarakat tetep diugemi lan ditindhakake, lan (5) piranti ngraketake paseduluran, (6) Sarana pangupajiwa.


Kanggo njaga lestarine Kesenian Reyog Tulungagung supaya tetep lestari, mula kudu ana cara kanggo nglestarekake Reyog Tulungagung. Cara kang bisa ditindakake yaiku (1) Kesenian Reyog Tulungagung didadekake adicara taunan, (2) Kesenian Reyog Tulungagung dikenalake marang masyarakat,lan (3) Ndadekake para mudha dadi anggota Kesenian Reyog Tulungagung.


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.