RELIGIUSITAS SAJRONING UPACARA SIWARATRI ING DS. MLANCU KEC. KANDANGAN KAB. KEDHIRI

RAHMA AVIANTI

Abstract


 


 


ABSTRAK 


Salah sawijine ing wilayah Jawa. Ing wilayah Jawa, akeh banget werna-wernane kabudayan. Koentjaraningrat (1987:202-203) ngandharake ana pitu unsur kabudayan kang asipat universal yaiku : 1. Sistem Religi dan upacara keagamaan, 2. Sistem dan organisasi kemasyarakatan, 3. Sistem pengetahuan, 4. Bahasa, 5. Kesenian, 6. Sistem mata pencaharian hidup, 7. Sistem teknologi dan peralatan. Mula saka iku, ing kene bakal diandharake ngenani upacara adat kang ana sesambungane karo agama ing bebrayan Hindhu. Upacara kang diangkat yaiku Siwaratri/Sivaratri/Siwalatri. Upacara Upacara adat iki mesti dianakake utawa dilaksanakake dening kabeh umat Hindhu  ing negara Indonesia. Upacara Siwaratri ora padha kaya dene upacara adat kang liyane. Upacara Siwaratri iki ditliti merga sajroning upacara Siwaratri iki  nduweni ancas kanggo nglebur dosane para umat Hindhu. Upacara Siwaratri iki ditindakake ing wayah wengi, nanging para umat Hindhu  wiwit kang isih cilik nganthi kang wus tuwa-tuwa padha ngumpul ing pura saperlu kanggo ngelaksanakake reroncening upacara Siwaratri nganti bubaran. Mula bukane Upacara Siwaratri iki saka karya sastra kang dianggit dening Empu Tan Akung. Ing karya sastra iki, Empu Tan Akung nyritakake pawongan kang panggaweyane mburu lan mateni kewan-kewan kang ora nduwe dosa. Pawongan iki nduweni asma LUBDAKA. Lubdaka menek wit bilwa, ing ndhuwur wit bilwa, Lubdaka oleh wahyu  lan nyadari kabeh dosa-dosane. Banjur ora sengaja Lubdaka methik godhong bilwa akeh 1108 lembar kanthi nyebut “Ya Sang Hyang Pelebur Dosa”. Lubdaka ora ngerti yen ing ngisore wit bilwa mau ana linggane Dewa Shiwa. Kedadeyan  kaya mangkana mau  kedaden ing mangsa Purwaning tilem sasi kapitu, yen ing kalender masehi ana ing wulan Januari.


Ing wayah Lubdaka kapundut dening Gusti Kang Maha Kuwaos, arwahne Lubdaka kanggo rebutan dening Dewa Yama lan Dewa Shiwa. Dewa Yama ngutus para panglimane supaya Lubdaka dilebokake neraka, nanging Dewa Shiwa mbantah printah kasebut. Merga ing tilem sasi kapitu, Lubdaka wus nglakoni yoga saperlu kanggo ngelebur dosa-dosane. Mangka saka kadadeyan iku, Lubdaka banjur dilebokake ing suwarga dening Dewa Shiwa.


Saka crita Lubdaka karya Empu Tan Akung iki mau, para umat Hindhu ing donya padha ngerayakake dina Siwaratri kanthi sambang, yoga, lan semadhi. Sak liyane iku, para umat uga ngelakoni brata, upawasa lan yoga samadhi ing wayah wengi.


Miturut reroncening adicara lan ubarampene ing upacara adat Siwaratri, ing panliten iki bakal ngaji babagan religiusitas sajroning upacara siwaratri. Akeh pawongan kang cenderung mbedakake ungkapan religiusitas saka agama, saengga religiusitas kerep ditentangake karo keberagamaane salah sawijining pawongan. Satemene, cecaturan ngenani religiusitas nduweni sesambungan karo anane kasunyatan ngenani mrosote kwalitas penghayatan manungsa sajroning agama; utawa sesambungan karo ilange dimensi sajroning agama lan hakikat dasar kang universal saka religi (Terjemahan saka Tillich, 1966: 26-29). Dadi, religiusitas iku kritik ngenani kwalitas keberagamaan saben-saben pawongan sajroning agama sarana lembaga lan ajaran.  


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.