TRADHISI NYADRAN ING DHUSUN NGETREP DESA KURUNGREJO KECAMATAN PRAMBON KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR)

REZHA KIRANA MELDANY, SRI SULISTIANI

Abstract


ABSTRAK

Tradhisi nyadran (TN) minangka wujud syukur marang Gusti Kang Maha Asih kang wis paring keslametan, sandhang, pangan, lan papan kang cukup lan uga pakurmatan marang cikal bakal dhusun yaiku Mbah Demang Perkul (MDP). Tradhisi kasebut ditindakake setaun pisan ing antarane sasi Juni lan Juli sawise panen walikan. Dinane Kemis Wage malem Jemuwah Kliwon cundhuk karo klairan dhusun. Underane panliten yaiku: (1) Kepriye mula bukane Dhusun Ngetrep Kurungrejo Prambon Nganjuk lan TN, (2) Apa wae ubarampe lan maknane kang ana ing TN, (3) Kepriye tata cara TN, (4) Apa wae piguna TN tumrap masyarakat, lan (5) Kepriye owah-owahan sajroning TN. Paedah panliten yaiku: (1) nambah kawruh ngenani folklor setengah lesan, (2) nambah kawruh ngenani mula buka, tata cara, ubarampe lan makna sajroning tradhisi, piguna lan owah-owahan TN, lan (3) nambah referensi kanggo nindakake panliten folklor setengah lesan sabacute.

Kanggo ngonceki masalah sajroning panliten iki kudu nggunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah. Konsep folklor nggunakake panemu Danandjaja. Kanggo ngandharake babagan makna nggunakake panemu Pierce. Bab fungsi nggunakake teori modhifikasi miturut Bascom lan Dundes, lan owah-owahan nggunakake konsep Koentjaraningrat. Panliten iki nggunakake ancangan panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana sajroning panliten kaperang dadi sumber dhata primer lan sekunder. Instrumen panliten yaiku panliti, lembar observasi, dhaptar pitakonan lan alat bantu. Teknik nglumpukake dhata kanthi observasi, wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata nggunakake open coding, acial coding lan selektif.

Ubarampe TN yaiku: 1) Ubarampe buceng raseksa lan 2) Ubarampe slametan. Tata cara TN, yaiku: 1) Tahap persiapan, 2) Adicara inti lan 3) Pungkasan adicara. Tradhisi iki nduweni piguna yaiku: 1) Sistem proyeksi, 2) Sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga kabudayan, 3) Sarana pendhidhikan, 4) Pameksan lan pengawas, lan 5) Piguna liyane. Owah-owahan tradhisi dideleng saka: 1) Tata cara lan 2) Ubarampe. Ana uga unsur-unsur anyar kang mlebu sajroning tradhisi kasebut.

Tembung kang wigati: tradhisi nyadran, foklor.







Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.