TRADHISI ING PASAREYAN SAWUNGGALING LIDAH WETAN LAKARSANTRI SURABAYA (TINTINGAN FOLKLOR)

RYAN RIZKI MEDIANSYAH, SUWARNI

Abstract


ABSTRAK

Tradhisi Pesareyan Sawunggaling isih kajaga nduweni daya pangaribawa kang gedhe tumrap bebrayan ing Lidah Wetan. TPS nduweni sambung raket karo ngugemi tradhisi Jawa ing Lidah Wetan, daya pangaribawa ing babagan agama, ekonomi, lan kapitayan. Wujud legendha uga nduweni kaprabawan kang gedhe tumrap kiwa tengene, bisa kabukten kanthi anane pawongan kang prasasat ora tau sepi tumuju ing pasareyan Sawunggaling saperlu ngaji, ziarah, lan liya-liyane.

Underan saka panliten iki, yaiku: (1) Kepriye mula bukane TPS ing Lidah Wetan Kecamatan Lakarsantri Surabaya, (2) Tradhisi apa wae kang ana ing Pasareyan Sawunggaling lan masyarakat sakupenge, (3) Ubarampe apa wae kanggo nyengkuyung TPS, (4) Kepriye makna tradisi kang kinandut sajrone TPS, (5) Apa fungsine TPS. Ancas saka panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake ngenani mula bukane TPS, (2) Njlentrehake tradhisi apa wae kang ana ing Pasareyan Sawunggaling, (3) Njlentrehake Ubarampe kanggo nyengkuyung TPS, (4) Njlentrehake makna tradisi kang kinandut sajrone TPS, (5) Njlentrehake apa fungsine.

Kanggo ngonceki prekara sajrone panliten iki nggunakake teori folklor Danandjaja, konsep legendha nggunakake panemune Danandjaja, konsep simbol lan makna nggunakake panemune Tuner kang dikutip sajrone Dharmojo, lan konsep fungsi nggunakake teori Bascom kang dikutip ing Danandjaja. Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku dheskriptif kualitatif, objek panliten yaiku TPS, papan panliten yaiku pesareyan Sawunggaling, sumber dhata lan dhata panliten saka yaiku informan lan dhokumentasi, dene tata cara nglumpukake dhata lumantar observasi, wawancara, lan kuesioner.

Asil panliten iki nuduhake yen legendha Pesareyan Sawunggaling ngandhut sawijine sejarah lan ana gandheng cenenge karo mula bukane Lidah Wetan. Saliyane iku tuwuh tradhisi kang ngrembaka ing Pesareyan Sawunggaling ing antarane ziarah, kirab kadipaten Surabaya, lan megengan. Saben tradhisi nduweni ubarampe lan tata laku kang beda-beda. Ubarampe ziarah antarane: (1) kembang telon, (2) dupa lan tata laku antarane: (1) wudhu, (2) nemoni juru kunci. Tradhisi kirab kadipaten nduweni ubarampe antarane: (1) dupa, (2) kembang setaman, (3) panggang, (4) pitik ingkung, (5) kulupan utawa urap-urap, (6) gedhang raja, (7) tumpeng lan nduweni tata laku antarane: (1) resik-resik pesareyan Sawunggaling, (2) khotmil quran, (3) slametan, (4) pagelaran wayang. Tradhisi megengan nduweni ubarampe : (1) apem, (2) gedhang raja, (3) tumpeng, (4) pitik ingkung, (5) kulupan utawa urap-urap, (6) kembang setaman lan nduweni tata laku antarane: (1) resik-resik lingkungan masjid, (2) khotmul Quran, (3) ziarah makam, (4) kirab santri lan pengajian.

Piguna tradhisi Pesareyan Sawunggaling antarane: (1) minangka sistem proyeksi, (2) minangka alat pengesahan budaya, (3) minangka sarana pendhidhikan, (4) minangka alat pengendali sosial, (5) minangka alat hiburan, (6) minangka fungsi ekonomi.

Tembung Wigati: Tradhisi, Legendha, Folklor







Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.