SENI TRADHISIYONIL JARANAN POGOGAN ING KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR)

BASTOMI PRATAMA P, UDJANG PAIRIN

Abstract



ABSTRAK
Kesenian jaranan, mligine jaranan pogogan, lumrahe akeh ditemoni ing panguripaning masarakat padesan sing umume nduweni panggaotan minangka wong tani. Kesenian jaranan pogogan awujud tetironing jaran saka nam-naman pring sing disolahake kanthi cara dikempit dening para paraga kang lelewa layake prajurit sing lagi nunggangi jaran. Adhedhasar andharan ing dhuwur punjere panliten iki yaiku (1) kepriye mula bukaning kesenian jaranan pogogan bisa muncul ing Kabupaten Nganjuk? (2) apa wae piranti sing dibutuhake kanggo pagelaran kesenian jaranan pogogan ing Kabupaten Nganjuk? (3) kepriye tata lakuning pagelaran kesenian jaranan pogogan kang dumunung ing Kabupaten Nganjuk? (4) apa makna sing kinandhut sajroning pagelaran kesenian jaranan pogogan ing Kabupaten Nganjuk? (5) apa fungsi saka pagelaran kesenian jaranan pogogan kang ana ing Kabupaten Nganjuk? lan (6) kepriye cara nglestarekake kesenian jaranan pogogan sing ana ing Kabupaten Nganjuk?

Panliten iki kegolong panliten folklor kang asipat dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki bisa awujud lesan utawa tulisan. Dhata dipakoleh saka kagiyatan observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Teori kang digunakake sajroning panliten iki yaiku teori folklor duweke John Harold Brunvand teori wujud pasugatan joged duweke Sal Murgiyanto, teori dhifusi duweke Fritz Graebner lan Pater Wilhelm Schmidt, teori makna simbolis duweke K. Susanne Langer, teori fungsionalisme folklor duweke William R. Bascom lan Alan Dundes, sarta teori fungsi duweke Radcliffe-Brown.

Asil saka panliten iki yaiku jaranan pogogan pisanan muncul udakara taun 1930 ing Dhusun Rejasari, Desa Banjarsari, Kacamatan Ngronggot, Kabupaten Nganjuk. Minangka sempalan saka tontonan reyog panaraga, jaranan pogogan ora mitontonake adegan ndadi, kejaba paguyuban Jaranan Barik lan Jaranan Bethet kang nganakake kagiyatan setren. Pagelaran jaranan pogogan dumadi saka patang adegan, antara liya (1) gambyong, (2) pogogan, (3) klana barong, lan (4) lakon. Sajroning pagelaran jaranan pogogan, makna kang kinandhut ing njerone sacara naratif nggambarake kadadean-kadadean tartamtu kang gegayutan karo crita Panji. Fungsi saka pagelaran jaranan pogogan, antara liya (1) pangilon angen-angen pandarbene, (2) sarana panggulawenthah, (3) nikelake rasa solidharitas klompok, (4) sarana kritik sosial, (5) sarana panglipur, lan (6) fetisisme. Jaranan pogogan tau ngalami jaman kajayan antara taun 1970‒1975. Ing taun 1975 jaranan pogogan wiwit katon ngalami kamunduran.

Tembung-tembung wigati: jaranan pogogan, Kabupaten Nganjuk, folklor.






Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.