KAPITAYAN SAJRONE CERBUNG ESEM ING LINGSIR SORE ANGGITANE NARYATA(Tintingan Antropologi Sastra)

SAAD BAHARUDDIN MUKHIB

Abstract


Abstrak


Kapitayan iku ana sakupenge masyarakat Jawa lan isih diyakini lan dipercaya kanthi bener lan nyata kayata gugon tuhon. Kapitayan kang tuwuh ing masyarakat bisa uga kawedhar ing sawijine karya sastra, kayata ing cerbung Esem ing Lingsir Sore anggitane Naryata. Naryata minangka salah sawijine sastrawan utawa pengarang Jawa kang isih ngasilake maneka warna karya sastra basa Jawa. Cerbung Esem ing lingsir sore nyritakake kapitayan bab katresnane Prayit lan Uni kang isih sedulur misanan. Katresnane Prayit lan Uni ora oleh palilah saka wong tuwane, jalaran wong tuwane percaya yen nikahan sedulur pancer wali bakal nekake balak. Adhedhasar karo kapitayan kasebut, mula penliten iki bakal ditliti kanthi tintingan antropologi sastra.


Salaras karo andharan ing ndhuwur, underane panliten yaiku; (1) Kepriye struktur pambangune cerbung EILS anggitane Naryata?; (2) Kepriye wujude kapitayan sajrone cerbung EILS  anggitane Naryata?; (3) Kepriye tanggapane masyarakat tumrap kapitayan kang ana ing cerbung EILS anggitane Naryata?. Panliten iki mujudake panliten kualitatif deskriptif kanggo ngrembug uga ngandharake gegambarane pakaryan lan konflike sajrone crita sambung Esem ing Lingsir Sore. Sajrone ngandharake lan njlentrehake data digunakake metode deskriptif analisis kanthi tintingan antropologi sastra.


Adhedhasar asile panliten. Wujud Kapitayan-kapitayan kang isih diugemi dening masyarakat sajrone cerbung Eils yaiku; (1) Kapitayan marang gugon tuhon, yaiku kapitayan marang nikahan sadulur pancer wali kang ora oleh dileksanakake. Nikahan sedulur pancer wali nduweni wewaler yaiku bapake sing lanang bakal mati; (2) Kapitayan marang dhukun; (3) Kapitayan marang ilmu petangan.Panliten iki nduweni pamawas saka masyarakat Jawa kang bakal ndhudhah kapitayan masyarakat babagan kapitayan sajrone cerbung EILS. Cara kanggo ndhudhah kapitayan yaiku kanthi cara nyebarake angket. Adhedhasar dhata lan andharan kasebut, bisa didudut yen para responden kang ngisi angket adhedhasar pakaryan kang ditindakake saben dinane kanthi jumlah responden 50 respondhen kaperang wiwit pelajar lan mahasiswa 23 responden, wiraswasta 12 responden, lan pegawai 15 responden. Asil saka angket kasebut bisa didudut yen satemene masyarakat Jawa isih ngugemi kapitayan gugon tuhon nenikahan sadulur pancer wali lan kapitayan petungan dina becik.


 


Kata Kunci: kapitayan, antopologi sastra, nikahan      


Full Text: PDF

Refbacks

  • There are currently no refbacks.